Ajisaka
Ajisaka karo abdine loro wis teka ing tanah Jawa,
anjujug ing nagara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono Prabu Dewata
Cengkar. Dene karemane Sang Prabu kresa dhahar daging wong. Kawulane akeh sing
padha giris, malah akeh sing ngalih menyang nagara liya jalaran kuwatir menawa
didhahar Sang Prabu. Patihe kang aran Kyai Tengger ditugasi golek wong sing
arep didhahar Sang Prabu.
Kacarita
Ajisaka ana ing nagara Mendhang Kamolan jumeneng dadi guru sing mulang muruk
kawruh rupa-rupa. Wong-wong padha mlebu dadi muride. Para muride padha asih
tresna marang Ajisaka, awit atine becik banget sarta dhemen tutulung. Nalika
samana Ajisaka mondok ing omahe Nyai Rondha Sangkeran, lan dheweke dipek anak
karo Nyai Rondha. Kyai Patih lan Nyai Rondha uga dadi muride Ajisaka.
Anuju
sawijining dina Sang Prabu Dewata Cengkar duka banget marang Kyai Patih, awit
wis telung dina durung bisa nyaosi wong kanggo dhahar. Kyai Patih susah banget
marga ing nagara Mendhang Kamolan katon sepi mamring jalaran akeh wong sing
padha ngalih menyang nagara liya utawa ndhelik ing alas utawa guwa-guwa.
Kyai
Patih banjur tilik ing omahe Nyai Rondha Sangkeren, lan ngandhakake dukane Sang
Prabu. Nalika iku, Ajisaka melu jagongan lan ngerti apa sing dadi susahe Kyai
Patih. Krungu critane Kyai Patih mau, banjur Ajisaka matur : “ Paman kula
kemawon sampeyan caosaken dados dhaharipun sang Prabu”. Nyai Rondha lan Kyai
Patih kaget krungu ature Ajisaka kaya mangkono mau. Wangsulane Kyai Patih :
“Sampun, Angger kula aturi nglajengaken mulang muruk titiyang ing Mendhang
Kamolan sedaya “. Sapunika ugi kula sampeyan aturaken dhateng Sang Prabu,
nanging kula gadhah panyuwun saderengipun kapragat. Kula nyuwun Siti ing Mendhang
Kamolan wiyaripun namumng saiket kula.
Cekake
crita Ajisaka banjur nemoni Prabu Dewata Cengkar mratelakake yen gelem dadi
mangsane. Panjaluke Ajisaka mau, banjur dikabulna karo sang Prabu. Ajisaka
banjur nyepot iket sing ning sirah, lan digelar, saya suwe saya adoh nganti
tekan segara kidul. Prabu Dewata Cengkar dijengkakake, kecemplung segara, malih
dadi baya putih. Swarane nggegiris nganti kaya gludhug. Awake gedhe, yen
ngambang nganti kaya pulo ing tengahe segara.
Sawise
Prabu Dewatacengker ora jumeneng ing Nagara Mendhang Kamolan, banjur Ajisaka
dijumenengake dadi ratu ing nagara kasebut. Ajisaka disubya-subya dening
rakyate lan nagarane tentrem,ayem, merga wis ora ana sing diwedeni.












Tidak ada komentar:
Posting Komentar